RSS

Upacara Adat Tedhak Siten




Upacara Adat Tedhak Siten

Assalamualaikum Wr. Wb

Ingkang kinurmatan sedaya sedherek ingkang kula tresnani.

Upacara tedhak sinten inggih menika upacara adat Jawa kagem bocah ingkang umur 7 selapan utawi 245 dinten, nalika nembe pisanan saget mlampah.
Upacara tedhak sinten ugi nggadahi piranti lan ubarampe, inggih menika : 

1.      Pengaron ingkang diisi kaliyan kembang setaman. 
     2.      Kurungan, kangge nggambaraken ingkang donyane bocah taseh kedhik. 
    3.     Warna-warna barang ingkang dipunselehaken ing kurungan, kangge nggambaraken                 langkungipun sugeng kaliyan kewajibanipun manungsa kangge mados nafkah. Barangipun inggih menika:
a) Pari sabengket
b) Kapuk sabengket
c) Piranti kangge nulis
d) Bokor ingkang diisi beras kuning
e) Warna-warna jinis dhuwit
f)  Perhiasan 
      4.      Klasa ingkang taseh enggal, kangge lemek ing jeroning kurungan. 
      5.      Duwit logam ingkang dipuncampur kaliyan kembang. 
    6.     Tangga tebu "arjuna", inggih menika tebu ingkang wernanipun ungu ingkang nggambaraken  undhak-undhakanipun sugeng ingkang ajeng dipunlampahi kaliyan anak. 
     7.       Jadah pitung warna, inggih menika abang, putih, ireng, kuning, biru, ungu kaliyan jambon. Kang nggadahi arti : kanggo ngemutake anak ingkang sugeng kados waspada saking godaan warna-warna. 
      8.      Bancakan, kayata sekul gudhangan ingkang dibagekakipun marang para tamu ingkang dateng.

Adicara ingkang kapisan inggih menika, bocah dituntun kaliyan ibukipun mlampah maju kaliyan ngidhak jadah 7 warna ingkang dipundamel saking ketan. Jadah dipun atur saking warna ingkang padhang kanthi warna ingkang peteng. Punika pralambang : bocah saget nglampahi tantangan ing sugengipun.
Adicara ingkang kapindho inggih menika, bocah dituntun minggah tanggah ingkang dipundamel saking wit tebu “arjuna” lajeng mandhap maleh. Tebu punika asalipun saking tembung “antebing kalbu” ingkang gadah teges : tekad ing ati ingkang manteb. Ingkang “arjuna” punika gadah teges : supados bocas saget lelakon kaya arjuna.
Adicara ingkang katelu inggih menika, bocah dipuntuntun kangge mlampah ing pasir. Bocah punika nyeker-nyeker pasir, ateges : ingkang sampun gedhe saget nyukupi kabutuhanipun.
Adicara kaping sekawan inggih menika, bocah kalawau dipunlebetaken ing kurungan. Ing kurungan wonten macem-macem benda ingkang kalawau sampun disebutaken. Kurungan nglambangaken donya , dados dikarepken bocah kalawau mlebet donya lan ing njero uripipun saged kacukupan awit saking pakaryanipun ingkang sampun dipilih saking cilik.
Adicara kaping gangsal inggih menika, bapak kaliyan simbahipun bocah nyebar duwit logam. Nggadahi teges : supados bocah ingkang sampun dewasa saget dados bocah ingkang dermawan.
Adicara kaping enem inggih menika, bocah dipunadusi kangge toya ingkang sampun dipuncampur kaliyan kembang setaman.
Adicara kapitu inggih menika, bocah dipundandani ngagem rasukan ingkang resik lan apik. Gadah teges : bocah nggadahi dalan urip ingkang apik lan saged nyukupi kaluwargane.
Sawise punika, atur puji syukur marang gusti Allah SWT ingkang sampun maringi kekuatan lan keslametan. Banjur, para tamu dahar.
Dak kinten cekap sementen cerita saking kula. Jenang sela wader kalen sesonderan, apuranta ingkang wonten lepat kawula.

     Wassalamualaikum Wr. Wb

0 komentar:

Posting Komentar

Recent Posts